Sabtu, 26 September 2009

tOegAs baSa jAwa nGoKOOOO

Sinau Basa Jawa Nganti Rasa Seneng

Akih sing kanda nek basa jawa iku angel. Malah ana sing duwe panemu Manawa sinau jawa iku angel dibandingno sinau basa luar. Tamangka sing duwe panama dek mau yaiku wong asli jawa. Seko endi kok koyok ngono? Kenapa bener basa jawa iku ancen angel? Kandane wong tuwa, sakbenere basa jawa iku ora angel. Menawa digawe angel ya langsung dadi angel tenan. Basa jawa dianggep angel amarga ing basa awa ana sing diarani unggah-ungguh utawa tata basa.

Unggah-ungguhe basa dek mau dibagi dadi 4. Ngoko logu, ngoko alus, karma lugu, karma alus. Saka unggah-ungguhe basa jumlah 4 dek mau dianggep gampang dewe yaiku ngoko lugu. Basa ngoko lugu akeh digunakno nek kekancan jawa, dinggo ambe omongan wong tuwa karo wong enom utawa anak, ya kanggo omongan anak ambe anak, utawa wong tuwa karo wong tuwa sing wis akrab kanca.

Dene unggah – ungguhe basa dianggep angel yaiku basa krama alus, amarga kudu akeh ngapalno kata – kata, dadi siji kata sing kanggo ngajeni karo wong tuwa. Bab uggah- ungguh utawa tata basa dek mau ngarang para siswa iso disinauni nek sakjrone pelajaran basa jawa nek pelajaran.

Kawit ana Keputusan Gubernur Jawa Tengah Nomer 895.5/01/2005 menehi kurikulum basa jawa, basa jawa terus dadi pelajaran wajib ing ing diwenehi ing pelajaran – pelajaran kawit pelajaran SD ( Sekolah Dasar ), nganti SMA ( Sekolah Menengah Atas ). Sakdurunge ana Keputusan Gubernur kasebut, pelajaran basa jawa mok kanggo genep – genep, nanging dipelajarno ing wayah SD nganti SMP. Saiki basa jawa mulai entok kelonggaran ben berkembang, muga – muga mesti wae iso ngawali basa jawa dadi luwih berkembang, aja ajeg gatekake.

Akih para ahli basa sing pada ngomong nek sejatine sing ngawali basa jawa dadi diperhatike yaiku ora kudu saka wong jawa dewe. Sakilasan gedhe wong jawa ora kulino mampu basa jawa urip paditene.

Pawadene nek basa jawa ora praktis, kurang komunikatif lan liyan - liyane. Kenyataane waktu iku akih keluwarga – keluwarga jawa nggone pada ngulang putrane ora nganggo basa jawa. Utamane ibu – ibu, asli wong jawa, nangning kayak – kayak wis pada lali kara basa jawa. Kebukti nek duwe putra, mulai lahir putrane wis dikulinakno ambe basa Indonesia. Sonder iso dikulinakno ngomong basa jawa.

Dadi putra pada ora ngerti basa jawa. Apa meneh tingkah lakune. Saperangan ibu – ibu dek mau pada ngomong nek ing jaman serba teknologi maju yaiku basa jawa ora perlu lan malah saiki umume pada nganggo basa Indonesia. Kudune milih nganggo ae ing omonge luwih gampang. Pamanggih dek mau ana benere nanging akeh salahe. Wis dingertini ing akih yaiku basa jawa menika ora mok iso kanggo pasrawungan bae. Luwih saka iku basa jawa ya iso ngulang bab tata karma, sopan santun, lan budi pekerti para putra.

Nganti ngulinakno nganggo basa jawa., kaajab para putra dek mau iso luwih nggadahi tata karma ing bener lantaran unggah – ungguhing basa. Basa jawa iku tetep nggadahi kebeneran menawa kandhingno karo basa liyane. Matur nuwun. Menawa kalimat, aku tau maca salah siji rubrik pendhidhikan ing kalawarti Jayabaya, sing nyebutno yen kata – kata ing basa jawa yaiku apik – apik. Lagi tanggapane ngunikno kemau beda karo kata – kata ing basa liyane. Upamane kata “ matur nuwun ” anggepane ngucapno tentu nganti sareh. Beda karo anggepane ngucapno kata thank you, terimakasih, kamsia, sing iso diucapno ngani seru utawa sora. Basa jawa iso disinauni mawi cara sing warna – warni, kayak sing taksih tansah aku lakokno. Cara – cara dek mau upamane, iso sinau lumantar buku – buku basa jawa ing sekolahan, mligi para siswa, menawa mrangguli bab – bab sing ora cetha terus takok karo bapak utawa ibu guru basa jawa.

Kanggo sing ora reti, kalawarti ambe ariwarti basa jawa yaiku isine werni – werni, mulai dongeng kanggo para putra, kabudayan, kasustraan, tekan para masastra ana. Nganti asring maca bacaan basa jawa mau ora kerasa seserepan kita bab basa jawa iso mundhak. Sakwise seneng maca, menawa manggihaken bab – bab sing kurang cetha, iso takok karo wong tuwa sing kawawas pancen ana ing bab basan karo kabudayaan jawa, lumrahe para wong tuwa mau nyata mumpuni tenan. Sakwise, perkara hasil karo ora anggepe sinau basa jawa mau gumantung teka pribadine dewe – dewe. Sing reti, sakdurunge mulai sinau basa jawa luwih rumiyin kudu duwe niyat sing kuat sampe dilaksanakno ambe seneng karo basa jawa. Nindakno padaleman kenapa bae menawa didasari lumrahe tamtu ameh ameh nuwuhno hasil sing apik karo ngremenakno. Luwih apik, menawa wong sing wis kinodrat dadi wong jawa sumangga pada nggadahi rasa seneng karo basa jawa. Sapa maneh sing kudu nyenengi menawa ora wong jawa dewe. Ya aku karo kuwe kabeh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar