Sabtu, 25 Juli 2009

NiEE tGs B. JwA_qHw...

BASA JAWA

1. Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan

Ing Dusun Kembang, wonten keluwarga sing disenengi tiyang katah, asmanipun Keluwaganipun Pak Andi, amargi Keluwarganipun Pak Andi mboten seneng nyampuriurusaning liyan.

2. Balung tinumpuk = anak loro dimantu tunggal dina

Pak Anto gadhah kaleh putra. Dina Senin, putranipun Pak Anto rencanane badhe mantu.

3. Bung pring petung = bocah kang longgor (gelis gedhe)

Pak Adi gadhah putri asmanipun Lina. Umuripun 9 tahun, tapi gedhene kayak bocah kang umure 12 tahun.

4. Cobolo mangan teki = wong bodho banget tur tumindak asor

Ing sekolahipun Ani, wonten bocah sing bodho banget. Bocah niku senenganipun njaluki duwit kancane lan mboten seneng sinau.

5. Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala

Ana bocah asmanipun Lolo, Lolo niku pinter, lan becik kalokonipun, tapi bareng Ani cedhak kaliyan Lulu Ani dadi keset lan ala kalakone, amargi Lulu niku ala kalakone.

6. Dhandhang diunekake kuntul = wong ala dikira becik

Ana bocah jenenge Lulo, ning sekolah dee ngadu domba kancane yaiku Ana lan Ani. Ana lan Ani mboten ngertos ning lulo niku ngadu domba. Ning Lulo lagi ambe Ana, Lulo mbelani Ani, lan ing Lulo cedhak ambe Ani dee mbelani Ani.

7. Emban cindhe, emban siladan = tumindak ora adil

Ibuke Bawang Putih lan Bawang Abang niku luwih saying Bawang Abang. Bawang Putih diperlakokaken kayak babune. Lan Bawang Abang diperlakokno kepenak.

8. Emprit abuntut bedhug = wong kang nggedhekake perkara sing maune sepele

Lani mboten sengaja ngidaki sikile Sani. Lani pun mina maaf tapi Sani malah mbentak-mbentak Lani sampe kanca-kancane ngrubungi.

9. Gondhelan poncoting tapih = nggantungake uripe marang bojo

Pak Niku mboten gelem kerja. Bojone kerja keras esuk nganti bengi kagem keluwargane. Tapi Pak Niku malah leyeh-leyeh ing dalem.

10. Njajah desa milangkori = wis tekan ngendi-endi

Pak Absor niku sugih, Pak Absor sampun keliling Negara kaliyan kaluwargane.

11. Jalukan ora wewehan = seneng njaluk ora gelem menehi

Ghina niku senenge njaluk jajan kancane bendina, nanging nek Ghina ndelok kancane ngeleh jajane malah dipangan dewe.

12. Kebo kabotan sungu = wong ngrekasa uripe marga kabotan butuh, kakehan anak

Pak Doni niku gadhah putra kathah. Pak Doni lan Bu Doni kudu kerja keras rina sampe bengi, amargi Pak lan Bu Doni kudu kerja kagem kebutuhan urip lan putranipun.

13. Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom

Pak Gigi niku mboten saget maca, Pak Gigi pengen saget maca, mulakno pak Gigi njaluk warah putrane.

14. Kakehan gludhug kurang udan = akeh sing diomongake ananging ora nyata

Bu Tuse niku panggeane gosipno tanggane, padahal sing diomonongno ora nyata.

15. Kaya banyu karo lenga = paseduluran kang ora bisa rukun

Dono lan Doni niku bocah kembar. Anangin bocah loro niku nek awor mesthi tukaran.

16. Kadang konang = wong kang diaku sedulur yen wonge sugih (duwe pangkat)

Bu Situ niku gadhah dulur 2. Asmanipun Yani lan Yeni. Bu Yani sugih tapi Bu Yeni mboten. Ing Bu Situ dipersani duluripun wonten pinten Bu Situ njawab ning wonten 1, yaiku Bu Yani.

17. Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega = ora duwe papan (omah)

Bocah sing ngemis niku nik turu ing kolong jembatan. Amargi deweke mboten gadhah omah.

18. Kebanjiran segara madu = nemu kebegjan (rejeki) sing gedhe

Dina iku, asni tuku jajan. Bungkus jajane dibuka. Banjur dibuka ana tulisan ‘SELAMAT ANDA MENDAPATKAN UANG 1 JUTA’. Langsung asni girang-girang.

19. Kethek saranggon = grombolane wong ala

Kiki dodol ing pasar, Kiki gaene dijaluki duwit karo grombolan cah nakal-nakal iku. Ing ora dikei duwit grombolan cah nakal – nakal iku dodolane diorak-arik.

20. Kenes ora ethes = wong sing sugih nanging ora disenengi

Ning Desa Cuka wonten kaluwarga sing paling sugih. Yaiku keluarganipun Pak Ra, nangi Pak Ra pelit lan sombong. Amargi sikape ala Pak Ra ora disenengi tanggane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar